Zodiak Wong Jowo Taun 2013 (komedi, Bro!)

Zodiak wong jowo taun 2013

1. Pirgo - Pengggawean sing cocok: dagang jengkol. Keuangan: dedel duel. Asmara: golek sing rodo waras.

2. Akuwarius - Penggawean sing cocok: Dodol ondho karo gedhek. Keuangan: nyilah-nyilih wae. Asmara: Sedhelo meneh jomblo, dikepret calon mertuwo.

3. Piskes - Penggawean sing cocok: mikuli galon, mangkal ngojeg ning protelon. Keuangan: Ledeh kabeh,kakehan petingsing. Asmara: ditolak meneh.

4. Ariyes - Penggawean sing cocok: ngedusi wedhus. Keuangan: kakehan utang, gaji kepotong terus. Asmara: benakno disik raimu.

5. Tawurus - Penggawean sing cocok: Ngarit pakan wedhus karo dagang kersen. Keuangan: kapusan konco dewe. Kudu diruwat. Asmara: ga payu payu, ganti pelet-e.

6. Gemini - Penggawean sing cocok: Nyuloh welut, bekicot. Keuangan: kurangajar, ngedoli warisan mertuwo. Asmara: ra jelas...pacare kono-kene, mbuh sing endi.

7. Kanser - Penggawean sing cocok: Macul, matun. Keuangan: sekarat, nyedhaki bangkrut. Asmara: ra ono sing gelem, modal tipis.

8. Leyo - Penggawean sing cocok: nyebleki tukang jamu. Keuangan: ribet tenan, ra gablek tenan. Asmara: ati2 bakal kepelet, karo dukun seko gunung kidul.

9. Libra - Penggawean sing cocok: ngorek-ngorek sampah yen ora Tukang beling. Keuangan: ra becus golek duit. Asmara: malem minggu mengko pacarmu nyidam oblok-oblok petei.

10. Sekorpio - Penggawean sing cocok: Mbenakno genthenge tanggamu. Keuangan: podo karo wingi bokek, Asmara: duwe pacar penyakitan

11. Sagitariyus - Penggawean sing cocok: Ngresiki kolam, yen ono wektu nyopeto ning pasar. Keuangan: bojomu ngadat njaluk tambahan duit dapur. Asmara: ditempilingi wae karo bojomu,jal takon ro dukun!

12. Kaprikorn - Penggawean sing cocok: Dagang kerupuk Keuangan: Nguwatirake, waspada debt kolektor! Asmara: hambar, pacarmu njaluk berlian, ajur juuuuur.


Dapet dari FB. "Dukun" yang bikin ramalan ini njauk dikepret pancen! XD
Previous
Next Post »
Thanks for your comment